Senin, 30 Januari 2012

ATUR PAMBAGYO HARJO


ATUR PAMBAGYO HARJO


Assalamualaikum wr.wb
Para sesepuh, pinisepuh, saha para tamu ingkang winengku ing suka basuki. Keparengna kula nyigeg anggen panjenengan sedaya ingkang katemben wawan pangandikan. Karana kula piniji Bapa/Ibu Suroso kinen ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.
Minangka purwakaning atur mangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngonjukaken puja miwah puji syukur dhumateng Ngarsanaipun Gusti Allah ingkang sampun kepareng maringi kawilujengan saha kasarasan dhumateng panjenengan sedaya lan kula satemah saget hanjalari makempal silaturohmi saha paring donga pangestu dumateng penganten sekaliyan.
Para tamu ingkang winengku ing karahayon, madyaning pawiwahan ing dalu  menika bapa/ibu Suroso lumantar kula ngambali ngaturaken wilujeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang boten pepindhan kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardikaning panggalih.
Wondene wigatosing sedya hambok bilih panjenengan sedaya sampun ngawuningani kadas ingkang sampun sinerat wonten sedhahan, inggih menika Bapa/ibu Suroso netepi darmaning asepuh mahargya suta ing ”Bayang Penganten/Pahargyan prasoja” dhaupipun Bg. Andi Purwanto putranipun kakung Bapa/ibu Subagyo kaliyan Rr. Dwi Pujianti putranipun putri Bapa/ibu Suroso.
Sampun kalampahan ijab wanci tabuh 09.00 enjing miturut satataning agami islam kalajengaken panggih miturut satataning adat kanthi panayungan karaharjan tebih ing sambikala, ingkang menika panyuwuninpun bapa/ibu Suroso panjenengan sedaya keparenga paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng penganten sekaliyan anggenipun badhe sami jejodhohan gesang bebrayan mugi tansaha bagya mulya sembada ingkang sinedya cundhuk kaliyan kekudanganipun para pinisepuh ingkang sami bebesanan.
Kajawi saking menika bapa/ibu Suroso ugi ngaturaken panuwun ingkang  tanpa umpami, tumrap sedaya peparing pratandha sih ingkang nelakkaken agenging katresnan. Hamung bapa/ibu Suroso sakulawarga ngrumaosi boten saget ngaturaken piwales menapa-menapa. Sagetipun hamung sumarah lan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah mugi hamaringana kanugrahan minangka liru ingkang langkung bobot timbang ingkang sampun panjenengan rilakaken kala wau.
Para tamu kakung saha putri inkang sinuba ing pakurmatan bapa/ibu Suroso sakulawarga hambawabi damel mawi atur-atur para priyagung, para kadang sumitra tresna , adhedhasar rancangan ingkang kaangkah sageda handamel renaning penggalih ingkang sami rawuh, suprandene dumugining damel sami dipun rumaosi tasih kathah sanget kekiranganipun buja menapa dene krama, ingkang menika tumrap sedaya kawontenan ingkang handadosaken kurang saruju minggahing cuwaning penggalih langkung-langkung klinta-klintunipun para hamung tamu hanggening ngacarani lenggahipun para priyagung sarta para tamu, kula suwun mugi keparenga hangluberaken samudragung pangaksama. Ing wasana kula nglenggana hanggen kula hamakili bapa/ibu Suroso tasih tebih saking jangkeping tata basa saha subasita hawit saking menika mugiya kersa paring agunging pangaksama. Wilujeng lelenggahan sinambi hamirsani pasugatan campursari ingkang dipun suhi kang mas Tedjo saking C.S. Sangga Buana.

Wasalamu’alaikum wr.wb

Umbrella~Kelompok1 seni budaya smansa~(cover Rihana).wmv

Minggu, 22 Januari 2012